Maca lan Nulis Aksara Jawa Makalah menika dipun susun kangge tugas mata kuliah Bahasa Daerah Dosen : Drs. Samidi, M.Pd.
Dipun susun dening
:
Kelompok 2 1. Afina Nur Fadhila
(K7112004)
2. Ambar Febriyanti
(K7112012)
3. Apriana K
( K7112027)
4. Atiek Zulfah Laila
(K7112039)
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR (PGSD) FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS SEBELAS MARET
2014
ATUR SAPALA Puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi kenikmatan saha hidayahipun saenggo kita saged ndadosaken makalah tugas basa jawi punika kanthi sae. Wonten makalah punika penyusun nyariosaken babagan “Maca lan Nulis Aksara Jawa. Salawat saha salam mugi kita kunjuaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita tengga syafa’atipun benjang ing Yaumul Qiyamah. Penyusun makalah punika mboten kirang saking bantuan pihak sanesipun ingkang sampun mbiyantu. Atur panuwun dening : 1. Bapak Drs. Samidi, M.Pd minangka dosen Basa Daerah ingkang sampun paring bimbingan saengga kita saged ndadosaken makalah punika. 2. Kanca- kanca kelas 4A sedaya Penyusun makalah punika mboten sampurna saenggo kritik lan saran kita tampi kanthi ikhlas kangge mbenehaken makalah punika. Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kita panjenengan sedaya.
Surakarta, Maret 2014
Penyusun
ii
DAFTAR ISI
ATUR SAPALA ..................................................................................................... ii DAFTAR ISI .......................................................................................................... iii BAB I PANGRUMIYINAN ................................................................................... 1 A. Landesan Perkawis ....................................................................................... 1 B. Rumusan Perkawis ....................................................................................... 1 C. Tujuan .......................................................................................................... 1 BAB II PANGREMBAGAN .................................................................................. 4 A. Asal Usul Aksara Jawa................................................................................. 4 B. Maca Aksara Jawa........................................................................................ 6 C. Nulis Aksara Jawa ........................................................................................ 7 1.
Tembung Andhahan ................................................................................. 7
2.
Panulise Tembung Rangkep ..................................................................... 9
3.
Panulise Tembung Camboran ................................................................ 10
4.
Sandhangan ............................................................................................ 10
5.
Aksara Murda ......................................................................................... 13
6.
Aksara Swara .......................................................................................... 15
7.
Aksara Rekan ......................................................................................... 16
8.
Angka Jawa ............................................................................................ 17
9.
Pada ........................................................................................................ 17
BAB III PANUTUP .............................................................................................. 21 A. Kesimpulan ................................................................................................ 21 B. Saran ........................................................................................................... 21 DAFTAR PUSTAKA ........................................................................................... 26
iii
BAB I PANGRUMIYINAN
A. Landesan Perkawis Ing salebeting jaman globalisasi kemajenganipun teknologi informasi ingkang tansaya ngrembaka. Kathahipun budaya manca ingkang lumebet dhumateng negari Indonesia anjalari bilih sedaya peranganing gesang bebrayan ngalami owah gingsir, kalebet unggah-ungguh, subasita, watak, saha gayanipun para manungsa. Pangaribawa budaya teknologi informasi (kadosta televisi, radhio, internet, lan sapanunggilipun) celak sanget kaliyan para putra (generasi mudha); tundhanipun kapribaden budaya timur (budaya Jawi) ketingal sangsaya luntur, kapribaden budaya manca kados-kados tuwuh ngrembaka. Pramila ing wekdal menika kathah kedadosan ingkang cengkah lan boten jumbuh kaliyan budayanipun piyambak, ingkang adamel tintrimipun tiyang sepuh. Kedadosankedadosan ingkang nalisir saking tumindak kautamen, kadosta pasrawungan ingkang bebas tanpa wates, tumindak sedheng, padudon antawisipun para siswa/mahasiswa, lan sanes-sanesipun asring ngrenggani pawartos-pawartos wonten ing televisi. Tiyang sepuh rumaos kuwalahan saha kawratan menawi badhe anggulawenthah kapribaden ingkang pinuji, budi luhur utawi pakarti ingkang utami dhumateng para putra wiwit wonten ing kulawarga, pawiyatan (sekolah), punapadene wonten ing bebrayan agung (masyarakat). Basa Jawi menika sampun èwonan taun diserat mawa Aksara Jawi utawi ugi diarani Hanacaraka. Panyeratan basa Jawi mawa aksara Hanacaraka menika dipun wiwiti saking taun 804 Masèhi ngantos dijabel déning Tentara Dai Nippon ing taun 1942. Kala menika basa Jawa mboten pareng diserat mawa aksara Hanacaraka. Sawisipun Tentara Dai Nippon tindhak saking siti Jawi, aksara Jawi pareng dienggo manèh. Sak menika mboten namung aksara Jawi, nanging uga basa Jawi piyambak kakikis déning basa Indonesia, sawisipun Republik Indonesia mardika ing taun 1945. Nanging aksara Jawi tasih dienggo sakala-kala lan tasih dados pelajaran wajib wonten sekolah-sekolah ing Tanah Jawi.
1
2
Senadyan aksara Latin sak menika langkung katah dipigunakaké tinimbang aksara Jawi, kawruh ing aksara Jawa menika tasih diperlokaké sanget, utamané yèn kudu maos naskah-naskah lan buku-buku lami. Naskah lan buku lami menika cacahipun katah sanget banget nganti èwonan. Sapanunggalipun menika aksara Jawi ugi dienggo nyerat basa-basa sapanunggalipun wonten Nuswantara, kados basa Bali, basa Madura, basa Sundha, basa Sasak lan basa Melayu. Lajeng menawi sampun saged baud ing aksara Jawi, menawi ajeng sinau aksara kerabat liyané saking India dados luwih gampang.
B. Rumusan Perkawis 1. Kados Pundi asal usul aksara jawa? 2. Kados Pundi carane maca lan nulis aksara jawa? a. Kados Pundi panulise tembung andhahan? b. Kados Pundi panulise tembung rangkep? c. Kados Pundi panulise tembung jamboran? d. Punapa wae sandhangan ing aksara jawa? e. Punapa pengertiane lan kepiye panulise aksara Murda? f. Punapa pengertiane lan kepiye panulise aksara Swara? g. Punapa pengertiane lan kepiye panulise aksara Rekan? h. Kados Pundi panulise angka jawa? i. Kados Pundi panulise pada ing aksara jawa?
C. Tujuan 1. Mangertosi asal usul aksara jawa 2. Mangertosi tata cara maca lan panulisan aksara jawa
BAB II PANGREMBAGAN
Aksara Jawa iku sawijining aksara sing digunakaké ing Tanah Jawa lan saubengé kayata ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Jawa iku uga diarani Hanacaraka utawa carakan. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangsekerta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu. Aksara jawa cacahe ana 20.
3
4
Posisi Panulisan aksara Jawa menawi dipun serat ngangge asta inging menika “nggandul” ing baris, mboten “nunggang” ing garis.
A. Asal Usul Aksara Jawa Adhedhasar konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi. Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka. Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna. Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya
5
manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan. Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada. Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah rong puluh wiwit saka HA nganti NGA.
HA NA CA RA KA
DA TA SA WA LA
Ana caraka (utusan)
Padha suwala (padudon, pancakara)
PA DHA JA YA NYA
MA GA BA THA NGA
Padha dene digdayane
Wasana padha dadi bathang
Iku mau konsepsi secara tradisional bab kelairan lan penyusunane aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-eling (memoteknik), mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa.
6
Abjad sing kaya guritan lan digathukake karo legenda Aji Saka mau saya narik kawigaten bareng dikantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada.
Ajaran/wewarah filsafat urip adhedhasar aksara Jawa kuwi ya iku:
ha-na-ca-ra-ka ateges ana utusan yaiku utusan urip, wujude napas sing kajibah manunggalake jiwa lan raganing manungsa. Karepe ana sing paring kapercayan, ana sing dipercaya, lan ana sing dipercaya kanggo makarya. Telung prakara iku ananging Allah, manungsa lan jejibahane manungsa (minangka titah).
da-ta-sa-wa-la ateges manungsa sawisé cinipta nganti tekan saaté tinimbalan, ora bisa nolak utawa éndha apadéné semaya. Manungsa lan samubarangé kudu ndhèrèk sendika dhawuh, nampa sarta nindakake kersane Allah.
pa-dha-ja-ya-nya ateges manunggale Dzat Kang Paring Urip (Khalik) karo sing diparingi urip (makhluk). Karepé cocog nunggal batine sing bisa disawang ing sajroné solah bawané adhedhasar kaluhuran lan kautaman. Jaya iku menang, unggul sing sabener-benere, ora mung menang-menangan utawa menang ora sportif.
ma-ga-ba-tha-nga ateges nampa sakabehing dhedhawuhan sarta larangane Allah Kang Maha Kuwasa (takwa). Maksudé, manungsa kudu pasrah, sumarah marang garising diwajibake, sanajanta manungsa diparingi wenang kanggo ngiradati, budidaya kanggo nanggulangi. Wusanané, kabeh mung ana panguwasané Allah.
B. Maca Aksara Jawa ?sertHji$k. ?%*uj@mi[yosSi[nownHi=prskbtTipu[nWonTe[nHi=kd[ton\k[az etTnSkbtKklih,ai=k=fipunTil/[wonTenHi=pu[lomajeqi,pu[nF orkliynPunSemBf,pznFiknipun\;si[forlnSi$emBda[mdi[aorwn inusul\awitWedianerkWweksSi=$un\,[ah;fu&ln²si][yog,sirp dmev=zai=pu[omjeqi,si[forlnSi$emBftimBlLn,xxkS[nNkgu=zn Ni=$unKeri[sKonNenH=gw.skbtKklihmuvJ|kSnFik,vemBh,lj_m= kt\, Serat Ajisaka
7
Prabu Jaka miyos sinowan ing para sakabatipun wonten ing kadhaton. Kaengetan sakabat kakalih, ingkang dipun tilar wonten ing pulo majethi, Pundora kaliyan Punsembada, pangandikanipun si Dora lan si Sembada amedhi ora wani nusul awit wedi anerak wawekas ingsun, eh, Duga lan Prayoga, sira menyanga ing pulo majethi, si Dora lan si Sembada timbalana, rereksane kagungan ingsun keris konen anggawa. Sakabat kakalih munjuk sandika, nyembah, lajeng mangkat.
C. Nulis Aksara Jawa 1. Tembung Andhahan Tembung andhahan inggih menika tembung ingkang sampun ewah saking asalipun. Tembung andhahan kedadosan saking tembung lingga angsal aterater, seselan, panambang utawi dipun-rangkep. a. Kang oleh ater-ater : a n\, a=, av\ Ater-ater inggih menika wuwuhan ingkang manggenipun wonten ing sangajengipun tembung lingga. Angka
Tembung andhahan
Tulisan Jawa
Tembung lingga
1
Njaluk
avJluk\
jaluk
2
Nggambar
a=gmB/
Gambar
3
Dijupuk
fijupuk\
Jupuk
4
Ndalang
anDa=
dalang
Cathetan
:
a) Tembung-tembung kang pakecapane nganggo aksara irung lan saburine tembung ing, ora kena ditulis nganggo anuswara. Tuladha
:
besuk = [bsuk\ ing dhusun = ai=dusun\ ing dhuwur = ai=duwu/ b) Tembung saburine ing ngisor iki panulisane nyimpang dadi nganggo anuswara. Tuladha
:
ing ngisor = ai= zi[so/ ing ngendi = ai=zenFi
8
Kang oleh ater-ater : a,m Ora ngowahake tembung kang diater-ateri. Tuladha
:
1) maguru acrana biru 2) maratuwa martapa Kang oleh ater-ater Tuladha
= mguruacRnbiru = mratuwma/tp
:
1) separo sedulur = sep[rosefulu/ 2) saembar = s[a[mB/ b. Panulisane tembung kang nganggo seselan in, el,er, um Tuladha
:
1) greged kumaki = g}gefÑ|mki 2) kinalang tinuku = kinl=tinuku 3) tlusar-tlusur = sÓ|s/ sÓ|su/ Seselan inggih menika wuwuhan ingkang manggenipun wonten ing satengahinh tembung lingga, utawi wonten ing sawingkingipun aksara sepisan tembung lingga. Tuladha: Angka Tembung andhahan
Wujuding seselan
Tembung lingga
1
Ginanjar
in
ganjar
2
Gelebyar
el
gebyar
3
Sumebar
um
sebar
Katrangan: Seselan menika saged manggen wonten ing sangajengipun tembung lingga manawi tembung lingganipun dipunwiwiti aksara swara. Tuladha: um + elu = emelu (melu) in + ajak = ingajak (ngajak) c. Panulise tembung kang nganggo panambang Panambang inggih menika wuwuhan ingkang manggenipun wonten ing sawingkingipun tembung lingga. Tuladha Angka
: Tembung andhahan Wujuding panambang
Tembung lingga
9
1
jupukna
-na
Jupuk
2
tulisen
-en
Tulis
3
bukune
-ne
Buku
1) Yen linggane nganggo sigeg panulise didhobel sigage Tuladha
:
a) nganakake linggane anak = vnkK[k b) munjuli linggane punjul = muvJ|lLi 2) Yen linggane ora nganggo sigeg panulise ora kadhobel sigeg. Tuladha
:
a) ngandhakake linnggane kandha = znDkH[k b) ndhewekake linggane dhewe = [d[wkH[k 3) Yen asale saka tembung garba Tuladha
:
a) nunggoni = n + tunggu +an + i = nu=[gonNi b) nukoni = n + tuku +an + i = nu[konNi 2. Panulise Tembung Rangkep Tembung Rangkep tembung kang wanda utawa linggane karangkep (ditulis utawa diunekake kaping pindo). Tembung rangkep kapilah dadi 3 yaiku: a. Dwi Lingga Dwi lingga tegese sing dirangkep tembung linggane. Dwi lingga panulise ora kena nganggo angka 2, awit siji-sijine panulise isih ajeg. Tuladha: 1) maca-maca 2) umun-umun 3) dioyak-oyak
= mcma =aumunHumun\ = fi[aoy[kHoyk\
b. Dwi Purwa Dwi purwa tegese sing dirangkep wanda wiwitane utawa purwane wanda. Dwi purwa panulise purwa kang ngarep dipadhakake karo
10
purwa kang buri. Tuladha: 1) Pepundhen 2) Tetuku
= pupu[nDn\ = tutuku
c. Dwi Wasana Dwi wasana tegese sing dirangkep pungkasane wanda. Dwiwasana purwaning tembung katulis kaya purwaning linggane. Tuladha: 1) pethuthuk 2) cekukruk
= peququk\ = cekuku]k\
3. Panulise Tembung Camboran Tembung camboran inggih menika gabunganing tembung kalih utawi langkung ingkang nggadhahi teges enggal. Tuladha: Angka
Tembung camboran
Wujuding lingga
Katrangan
1
Semar mendem
semar + mendem
araning panganan
2
meja ijo
meja + ijo
pengadilan
3
Bangjo
abang + ijo
lampu lalu lintas
Rimbag jamboran kang tembunge ngarep wandane wakasan sigeg, sarta tembunge kang buri apurwa aksara a aksara a mau ajeg bae, ora owah. Tuladha
:
a. udan awu = aufnHwu b. dhemit alas = demitHls\ c. mangan ampas = mznHmPs\ 4. Sandhangan Minangka sawijining abugida utawa alphasyllabary kabèh aksara Hanacaraka iku sacara otomatis wis ngandhut swara [a]. Contoné ing aksara Hanacaraka ora ana simbul sing nglambangaké uni /k/ anané. Nanging swara a iki bisa diganti lan diowahi mawa tandha diakritis. Tandha-tandha diakritis iki ing
11
basa Jawa diarani sandhangan. Ing aksara Hanacaraka ana telung jenis sandhangan: sandhangan swara, panyigeging wanda lan wyanjana.
Sandhangan Swara Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ inadhuwuring sawijining aksara.
Wulu
Suku
Pepet
Taling
ngowahi swara dadi /i/.
ngowahi swara dadi /u/.
ngowahi swara dadi /ě/.
ngowahi swara dadi /é/ utawa /è/. Taling iki ditulis ing
sisih kiwa sawijining aksara.
Taling Tarung
12
Taling tarung
ngowahi swara dadi /o/. Taling tarung iki
ditulis ing sisih kiwa lan tengen sawijining aksara. Taling tarung ing pasangan H S P, panulisane taling maju sakwanda ing ngarepe sigeg mau. Tuladha : a. Anak polah = an[kPolh b. Kepaten obor = kep[t[nHo[b[/o c. Anak sombong = an[kSo[mB=o Taling Tarung Semu Tembung rong wanda aswara a, wanda ngarep kang nganggo sigeg panulisane aksara Jawa wanda kang ngarep nganggo taling tarung semu (palsu). Tuladha: a. Kanca landa = [kovC[lonF b. Kandha sanja = [konD[sovJ
Sandhangan panyigeging wanda Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nambahi sawijining aksara swara /h/, /r/, /ŋ/ utawa matèni aksara.
Sandhangan wyanjana Sandhangan wyanjana ditrapaké kanggo nggabungaké uni sawetara aksara.
13
5. Aksara Murda Murda = sirah (Walanda = hoofd, Inggris = head) Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda : hoofdletter, Inggris : capital). Aksara murda iku satemene ora ana. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang dianggep minangka aksara murda iku sejatine Aksara Mahaprana, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik). Aksara murda ing panggunan basa Jawa saiki biasa dienggo dadi kaya déné huruf gedhé ing aksara Latin utawa dienggo nulis jeneng-jeneng sing dimulèni utawa dikurmati. Aksara murda uga diarani aksara mahaprana. Sajatiné aksara iki uniné béda karo sing lumrah, amerga mula-mulané piridan saka ing basa Sangskreta. Nanging tumraping basa Jawa dianggep pada waé pocapané, mung gunané dadi séjé. Ing dhuwur iki bisa dideleng yèn ora kabèh aksara nduwé aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jenisé. Tulisan sa- ngrujuk ing aksara sing diarani sa kembang.
14
Cacahe aksara murda (kang DIANGGEP aksara murda ) ana wolu, yaiku : Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba. Saben aksara Murda ana pasangane. Aksara Ca ora ana murdane , nanging pasangane ana , nanging saiki wis ora kanggo. Aksara murda mung kanggo ing tata prunggu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane , kayata : Kanjeng SuSuhunNan PaKu BuwaNa ing SuraKarta HadiNingrat Dewi SinTa putrane putri PraBu JaNaKa raTu nagara manTili kagarwa PraBu Rama. Saiki jaman demokrasi . Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane , katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane , ya aksara burine ; yen burine ora ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata : Dipaprawira, Mas Sudarsana, Prawiramartaya, Raden Burham, Bu guru Nurratri, Raden Ajeng Kartini, Pak Mantri Aripin Raseksi Trijatha. Tuladha
:
a. Sang Nata = $=!# b. Prabu Brawijaya = %]*u*]wijy c. Surabaya = $ur*y
15
6. Aksara Swara Aksara swara iku kanggo nulis tembung-tembung manca lan ora wenang dadi pasangan. Aksara swara kagem nyerat titi tembung saking basa asing utawi huruf ageng.
tata caranipun: 1. Mboten saged dados aksara pasangan 2. saumpami aksara swara kepanggih kaliyan sigegan kedhah sigegan punika dipun pangku. 3. aksara swara saged dipun paringi sandhangan wignyan, layar, cecek, suku, wulu lan sapanunggalipun. Tuladha a. b. c. d.
:
Umar Eropah Oktober Agustus Ibrahim
= Um/E[roph = O[kTobe/ = AgusÒ|s\ = I*]aim\
Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangaké vokal bébas. Ing Hanacaraka aksara iki yaiku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" sing tinulis ṛ lan ḷ, kaanggep aksara swara. Mulané ora ana aksara swara sing nglambangaké pepet amerga ing basa Sanskreta ora ana pepet. x jenenge p dicerek, dadi lelirune re X jenengez dilelet, dadi lelirune le Wondene aksara swara x dadine pasangan> katulis jejer karo aksara kang dipasangi; aksara swara X, dadine pasangan
Lekatulis ing sangisore aksara
kang dipasangi; mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi.
16
7. Aksara Rekan Panganggone aksara rekan iku kango nulisi tembung manca yen perlu dicethakake pakecapane, dene asline aksara iku pancen ora ana. Wujude aksara rekan iku tandha cecek kehe telu ing sadhuwure aksara. Aksara rekan dipun ginakaken kagem nyerat tembung-tembung saking basa Arab.
Tuladha
:
Firman Ghaib
= pÆ/mn\g+aib\
Khabar, dzikir Zakat, faseh
= k+b/,j+iki/ = j+kt\,p+[sh
tata caranipun: a. aksara rekan saged dados pasangan b. aksara rekan saged diparingi pasangan c. aksara rekan saged diparingi sandhangan sami kaliyan aksara ing hanacaraka. d. Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae. Tuladhane kayata : Khatib = k+tib\ yen ora dicethakake ktib\ Dzikir = f+iki/ yen ora dicethakake fiki/ Faham =p+am\ yen ora dicethakake pam\ Zakat =j+kt\ yen ora dicethakake jkt\ Ghaib = g+Ib\ yen ora dicethakake gIb\
17
e. manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajroning pepet; dene yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak , cecake telu dumunung ing tengen. Tuladhane : Firman = p+i/mn\ 8. Angka Jawa Gunane angka jawa kanggo nengeri cacah utawa urut-urutan, yaiku
Sarehning angka Jawa iku awujud aksara Jawa , supaya ora mbingungake , panulise kudu dipisah karo aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa tengene . Srana kang dienggo misah iku pada pangkat, mulane angka Jawa diapit-apit ing pada pangkat
.
Tuladhane : ?[stau[nWonTen\;g2;wuln\, Setaun wonten 12 wulan.
Manawa ing saburine angka Jawa ana pada lingsa utawa lungsi , ing saburine angka iku banjur tanpa pada pangkat. Tuladhane : ?m=k[tTjm\;7,mulih[ajm\;10. Mangkate jam 7, mulihe jam 10
9. Pada Warnane pada ing aksara jawa, yaiku
:
18
a. Pada lingsa ( , ) kanggone padha karo koma ana ing aksara latin, nanging yen wis ana pangkon ora ngango pada lingsa maneh. Tuladha : ?ajfh[wn\munD[kHork[jn\ Aja dahwen, mundhak ora kajen. b. Pada lungsi ( .) kanggone padha karo titik, mapane ana ing wekasaning ukara. Yen wis nganggo pangkon pada lungsi disalini pada lingsa. Tuladha : ?[w=oauripHikukufugemi,nsTitilnZtiati. Wong urip iku kudu gemi, nastiti lan ngati-ati. c. Pada pangkat ( ; ) kanggo ngapit-apit angka jawa lan kanggo ngelet-eleti tetembungan karo keterangan. Pada pangkat, gunane werna-werna, kayata :
Kanggo ngapit-apit angka Jawa
Ing saburine tembung “yaiku” utawa “kayata”, manawa sawise tembung ikubanjur mratelakake bab utawa barang luwih saka loro. Tuladhane : ?%nDwcch[a;5,yaiku;yudiSQir,*im,A/ju!,!kulln°[fw. Pandhawa cacahe 5, yaiku : Yudhisthira, Bhima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa.
d. Adeg-adeg ( ? ) kanggo miwiti ukara saben larikan anyar. Tuladha : ?llraikupnul[kKluwihgmP=srnpvJg,tinimB=srnt[tomB. Lelara iku panulake luwih gampang sarana ;panjaga, tinimbang sarana tetamba. e. Pada guru ( ?0? ) ditulis ing wiwitane carita utawa layang kiriman. Guru utawa “uger-uger”, trape ing : sajroning layang kiriman ing sangarepepurwabasa, dadi sawise satatabasa utawa adangiyah. Tuladha
:
?0?ssmPunNipunHi=k=kf-punik,nuwunWi[yosSipun\ ………. Sasampunipun ingkang kadya punika, nuwun wiyosipun, ......
Ing wiwitane layang carita, layang dongeng lan sapanunggalane kang ora sinawung ing tembang. Tuladhane :
19
?0?anrtuXmubzet\autusSnNimBlLidukunK=wisMisuwu/pin Te/.bx=dukunWi[sown\ ………… Ana ratu lemu banget , utusan nimbali dhukun kang wis misuwur pinter . Barengdhukun wis sowan ……… f. Pada pancak ( .0. ) ing wekasaning carita utawa layang kiriman. Tuladha : ?lifi=[fo[z=m=[k[n;ajzinmr=spdpd.0. Liding dongeng mangkene : aja ngina marang sapadha-padha. Panutuping wasanabasa ing layang kiriman, kayata : ?wsnkwulvuwunWewhai=swbP[zsÒ|.0. Wasana kawula nyuwun wewahing sawab pangestu.
Manawa papane isih ana, pada pancak kena katulis nganti sekebake larikan. Perlu dielingi perangane layang kiriman cara Jawa, yaiku : satatabasa (adangiyah), purwabasa, surasa basa, wasana basa, titimangsa, peprenahan, tandha tangan. g. Pada andhap (§) ing wiwitane layang kiriman, patrape kanggo ngajeni marang wong tuwa. Tuladhane : §ai=k=semBhsumu=kem\, Ingkang sembah sumungkem. h. Pada madya (¦) ing wiwitane layang kiriman tandha pakurmatan sapadhapadha. Tuladhane : ¦winnÒ|ai=tkLim\, winantu ing taklim. i. Pada luhur (¥) ing wiwitane layang saka wong tuwa marang anak Tuladhane : ¥p[nFozsLmet\, Pandonga slamet, j. Purwapada, unine “becik” trape ing bebukane layang tembang ing sangarepe pupuh kapisan. Tuladhane : ¦¡¦naenTgvC/ri=kt,[m=okbubukni=tulis\krj[nJ=glxtN, ai=gihp]jfWrwti,wen=aizucpBilih,ngripvJ=apuvJ|=,k= jumen![rnF`,ma%]buArimu/#i,ajujulukMa%]bu%fMnb ¦waut$]i!rnt,………
20
(Sekar Sinom. Serat Abimanyu kerem – M. Soekir) Nahen ta gancaring kata, mangka bebukaning tulis, karajan Jenggalaretna, inggih praja Dwarawati, wenang ingucap bilih, nagari panjang apunjung, kang jumeneng Narendra, maha Prabu Arimurti, ajejuluk maha Prabu Padmanaba ..... k. Madyapada, unine mandrawa, tegese “adoh, tangeh “, maksude isih adoh utawaisih tangeh tamate buku utawa carita iku. Trape ing wekasane pupuh manawaarep ganti pupuh liya, kayata ing wekasane pupuh sinom ing ngisor iki arep ganti pupuh Pucung. ……………ru=sitTi=[rrsnHiki,[fnKckupPmucu=zi=p]lmP it¦¢ ¦bbPi=[wolu,am/n$=%nÕ|sunu,y$=f!vJy,nlik[nmtirgi,k yk=wusM|niai=wiwaj/w¦aiyaiku,[nor[bfnu=glLku,……… ….. .................rungsiting rerasan iki, den kacakup pamucunging pralampita. Bab ping wolu, amarna sang Pandhusunu, ya sang Dananjaya, nalikane mati ragi, kaya kang muni ing Wiwahajarwa. Iya iku, nora beda nunggal laku, ....... l. Wasana pada, unine “iti” tegese “tamat” trape ing wekasaning carita kangsinawung ing tembang . Tuladhane : ¦telsS=ipnurtTir,ssibes/pi=szls\AkfKli[wonTaunFl\t tgunsW[r=nt,[m=ossQwinF|svCy,wukusu=s=k=a[tomP,yAl Lhk=luwihwikn\[aobh[aosikKi=kwul¦£¦ (Wulangreh tembang Girisa – Sri Pakubuwana IV) Telasing panuratira, sasi Besar ping sangalas, Akad kaliwon taun Dal, Tata guna swareng nata (1735), mangsastha windu Sancaya, wuku Sungsang kang atampa, ya Allah kang luwih wikan, obah osiking kawula.
BAB III PANUTUP
A. Kesimpulan Aksara Jawi ugi dipun arani aksara Hanacaraka utawa carakan yaiku sawijining aksara ingkang diginakakén ing Tanah Jawa lan saubengé kayata ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara menika uga kangge nulis basa Sangsekerta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasa uga basa Melayu. Urutan aksara Jawi dipuntepang unik, amargi nyaperloni setunggal “cerios” yaiuku cerios Ajisaka : Hana Caraka (enten Pengawal), Data Sawala (benten pamanah), Padha Jayanya (sami kiyat/linangkungipun), Maga Bathanga (kekalihipun pejah). Aksara Jawa utawi aksara Hanacaraka cacahipun wonten 20 huruf dhasar lan 20 huruf pasangane, 8 huruf utama aksara murda, 5 huruf aksara swara, 5 huruf aksara rekan kaliyan pasangane, wonten sandhangan minangka pengatur vokal, huruf khusus, tanda waos, uga tanda pengatur tata panyeratan (pada).
B. Saran Mekaten makalah menika kita damel. Kita ngelingi kathah kalepatan wonten ing makalah punika, mula kita nyuwun saran uga kritik saengga saged dandosi makalah kita saklajengipun.
25
DAFTAR PUSTAKA
Anonim. (2006, Mei 28). Jaya Baya. Dipetik Februari 27, 2014, dari jayabaya.wordpress.com: http://jayabaya.wordpress.com/2006/05/28/sejarahe-aksara-jawa/ Anonim. (2014, Februari). Ngurip-urip Basa Jawa. Dipetik Maret 04, 2014, dari http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/: http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/ Anonim. (t.thn.). Paugeran nulis Aksara Jawa/Sandhangan. Dipetik Maret 04, 2014, dari incubator.wikimedia.org: http://incubator.wikimedia.org/wiki/Wb/jv/Paugeran_nulis_Aksara_Jawa/ Sandhangan Gunarta, A. (2010, April 10). Saus Buku. Dipetik Maret 04, 2014, dari sausbuku.blogspot.com: http://sausbuku.blogspot.com/2010/04/tembungrangkep.html Hafizh, M. (2011, Agustus). Pengertian TEMBUNG CAMBORAN. Dipetik Maret 04, 2014, dari hafizhsma1sragen.blogspot.com: http://hafizhsma1sragen.blogspot.com/2011/08/pengertian-tembungcamboran.html Mega, L. (2013, Juli 14). Pandawa. Dipetik Maret 04, 2014, dari lisamegawati.blogspot.com: http://lisamegawati.blogspot.com/2013/07/tembung-andhahan.html Nuraini. (2013). Pepak Basa Jawa Lengkap. Lingkar Media. Samidi. (2010). Basa lan Kabudayan Jawi. Surakarta: UNS Press. Yurisa, N. (2012, April 05). World Of Nadia 2. Dipetik Maret 04, 2014, dari nadwell.blogspot.com: http://nadwell.blogspot.com/2012/04/makalahaksara-jawa.html
22